RAJAPATI ING PABRIK ROTI

10 5 0
                                    

Wengi kuwi kanthi rasa mangkel Norman bali mlangkah metu saka kamare. Angen-angene kepengin turu angler sewengi, nyuntak rasa lungkrah sawise sedina nyambutgawe wurung kelakon. Hp-ne dumadakan muni nalika dheweke lekas ngrangkul Nita, bojone kang wis turu ndhisiki. Hp dicandhak, iba kagete weruh sapa sing telpun wengi kuwi. Kanthi gupuh telpun diangkat, 

"Nggih, Pak? Wonten dhawuh?". "Aku saiki neng pabrik, mrenea tulungana aku!". Durung nganti Norman aweh wangsulan, telpun wis dipateni. Rasa sujana wiwit tuwuh ing batine Norman, yagene Pak Karsono, mandhor ing pabrik papane nyambutgawe dumadakan nelpon dheweke ing tengah wengi, lan tanpa ba-bi-bu ngakon supaya dheweke teka nyang pabrik. 

Kamangka iki wis dudu jam kerja, bocah-bocah sing lembur mesthi ya wis mulih. Lemburan pabrik wis buyar jam 10 mau. Norman lagi budhal mulih saka pabrik jam samono mau, wis sepasar iki dheweke melu nglembur. Mula nalika tekan omah dheweke kepengin enggal-enggal turu. Eman! Angen-angene wurung merga telpun kang mentas wae ditampa. Norman mlangkah nyedhak lawang, jaket ing cantholan bali dicandhak, dinggo ngandeli kulite supaya ora katisen.

"Hloh, Mas? Arep nyang ndi maneh?" Pitakone Nita kanthi ngucek mripate.

"Bali nyang pabrik. Pak Karsono lagi wae telpun, aku kon mrana."

"Ngrewangi apa lo, Mas? Iki lak wis dudu jam lembur."

"Embuh, Dhik. Durung nganti aku takon, telpune wis dipateni."

"Ngati-ati lo, Mas. Yen wis rampung gek ndang mulih wae, wis ora usah mampir-mampir."

"Iya. Wis turua maneh, lawange takkunci saka jaba."

Norman mlangkah ngener ruwang ngarep, lawang omah dibukak, angin wengi sumilir bali ngelus awake. Sawise ngancing lawang, sepedha montor sing wis luwih dhisik diwetokake njur dicengklak. Playune digelak nrabas pategalan kang matesi Mangunan lan Kandat, pamrihe luwih cepet teka ing pabrik lan enggal cepet mulih. Ora ana siji-sijia wong sing ditemoni Norman wengi kuwi. 

Lumrah wae, iki lagi mangsa bedhidhing. Angin wengi adheme ngalah-ngalahi es balok. Ora ana wong sing betah lungguh-lungguh utawa nyangkruk nganti tengah wengi. Warunge Yu Solekah sing kulinane kebak wong jagongan nganti jam 2, wengi kuwi uga tutup. Embuh wis ping pira dheweke misuh ing batine, yen gelem nglumpokake menawa wis oleh rong tomblok. Ora mandheg-mandheg olehe ngundhamana Pak Karsono, mandhore sing nelpon dheweke wengi kuwi.

Mung swasana tintrim kang ditemoni Norman, mung swarane kewan wengi sing ngiringi playune sepedha montore. Kagawa swasana kang sepi nyenyet, pikirane Norman dadi sujana. Yagene Pak Karsono ngakon dheweke nyang pabrik tengah wengi ngene iki. 

"Kon nulungi? Nulungi apa tengah wengi ngene iki? Apa sing dikerjani wong lanang tuwa iku? Swarane ing telpun mau keprungu adoh banget saka Hp, lan maneh sajak gupuh olehe mungkasi telpun. Ana apa jane?" Pitakon-pitakon iku ngebaki pikirane Norman. Ora nganti 20 menit, dheweke wis tekan ngarep pabrik. 

Pabrik roti kering sing lagi bukak 7 taun iku ngenggoni bangunan tilas pabrik gula Jawa. Bose pabrik roti iki lagi ngupaya ngrembakake bisnise lan golek mitra saakeh-akehe, mula ora pati nggatekake kahanan lingkungan pabrike. Suket-suket dhuwur thukule ing kiwa tengen pabrik. Dalan mlebu pabrik kuwi diapit wit pelem loro kang godhonge ngrembuyung meh tekan lemah nambahi swasana angker ing pabrik kuwi.

Sepedha montor matic olehe tuku taun wingi dijagrak, diparkir ing cedhake lawang mlebu pabrik, supaya ora kadohan olehe mlaku. Sawise nyopot helm, githoke dumadakan ngadeg, merga kena silire angin. Mripate mubeng nyawang kahanan kiwa tengene. Obahe godhong pelem lan rambutan kasil nyolong kawigatene. 

"Angin!" ucape nyentak. Ana rasa wedi kang tuwuh ing atine wong lanang umur 27 taun iku, sawise ngematne kahanan lingkungan pabrik papane nyambutgawe. HP ing sak jakete didudut. Nomer HP-ne Pak Karsono diklik, ditelpun. Nganti ping telu nanging ora ana wangsulane. Pungkasane dheweke mutusake supaya langsung nyusul menyang gudhang. Nalika telpun mau, Norman krungu ana swara mesin forklift ing kiwa tengene Pak Karsono. "Apa sing dilakoni Pak Karsono?" pitakon iku bali diucap Norman.

CATHETAN SAKA PANGUMBARANWhere stories live. Discover now