PITAKONE DIAN

13 5 0
                                    

"Ayo nyang kantin! Aku luwe," swarane Sinta mbuyarke lamunane Dian. Dian mung nyawang lambene kkancane sing tipis kuwi. Ora ana wangsulan sing kumecap. Ketua klas iku njur ngadeg. Sikile jumangkah ngetutke lakune Sinta menyang kantin. Wis rong minggu iki Dian owah adate. Kulinane dheweke sing ajeg nggodhani kanca-kancane, pirang-pirang dina iki luwih asring nglamun, lungguh anteng ing bangkune.

Tingkahe Dian sing ora lumrah iki uga ndadekake repote kancane, amarga akeh tugas lan koordinasi klas sing keleleran. Minangka ketua klas, dheweke saiki ora maksimal nglakoni kuwajibane. Kanca-kanca rakete ora pegat nggone kepengin melu ngudhari ruwete Dian, nanging kabeh mung mental weruh eseme Dian sing tansah muni "aku ora apa-apa, kok."

Dina iku Sinta klakon ngajak Dian menyang kantin. Tekade dheweke dina iku kudu ngerti apa jalarane Dian ngowah-owahi adate kaya ngono. "An, jane ana apa, ta? Kowe kok nglamun wae?" Sinta miwiti rembug. Dian isih durung kober menga lambene.Pikirane isih adoh kumleyang, isih terus ubet nggoleki perangan sing ndadekake dheweke bingung, linglung, kaya wong suwung. Sinta sing miwiti mau lungguh ing ngarepe, suwe-suwe entek ababe. Wis pirang-pirang ukara kawetu saka cewek jurusan APK iku. Nanging, ora ana siji-sijia sing disauti Dian.

***

Rong minggu kepungkur ana guru anyar mlebu ing klase Dian lan Sinta. Guru anyar iki terus nepungake diri ing ngarepe para siswa. Asmane Pak Candra. Candra Wicaksono, jangkepe. Pak Candra terus crita-crita pengalamane mulang lan kuliyahe. Saka critane guru anyar mau jane ora ana sing beda. Ora ana sing aneh, tumrap para siswa. Nanging ana siji perangan saka critane Pak Candra sing ndadekake Dian bingung lan linglung. Perangan sing njalari Dian mung anteng wae, ora tau nggodha kancane.

"Aku ora kepengin dadi guru, nanging crita-critaku ora bakal kaleksanan yen aku ora dadi guru," Pak Candra mungkasi critane kanthi ukara mau.

Tumrap kanca-kancane, ukarane guru anyar mau mung kaya angin semilir sing liwat ing kupinge dhewe-dhewe. Nanging kanggone Dian, ukarane Pak Candra mau mujudake teka-teki sing kudu diwangsuli, digoleki karepe, ditegesi maknane.

Sejatine, Dian mujudake siswi sing pinter. Dheweke seneng maca senajan sekolahe jurusan APK, nanging dheweke kepengin dadi penulis. Saben ana wektu, dheweke mesthi maca buku ing perpustakaan. Nanging, Dian durung tau nemoni ukara kaya sing diucap Pak Candra. Dheweke kepengin nakokake langsung marang gurune Basa Jawa iku, nanging ora ngerti kepriye carane takon.

Ana rasa pakewuh ing atine Dian, yen kudu ngadhep guru nom iku. Swarane Sinta sing wiwit mau ndlidir kaya lakune luku ing sawah sejatine uga dirungu Dian. Emane Dian ora ngerti kudu miwiti crita saka ngendi. Dina kuwi kapungkasi kanthi pitakon sing durung diwangsuli, kojahe Sinta wis ora ana sing mlebu angen-angene Dian babar pisan.

***

Wengine mrambat alon senajan ora ana swara jangkrik, nanging kerlipe lintang wis cukup kanggo nggambarake endahe sang ratri. Dian lungguh ngadhep meja sinaune. Cendhela kamar dibukak pamrihe supaya ana hawa seger sing mlebu ruwangan 4x3 iku. Mripate bocah wadon klas 12 SMK iku mandeng langit peteng.

Rembulan katon separo nambahi ruwet pangrasane. Ing mejane wis ana lembaran kertas folio. Tangan tengene wis nyekel pulpen warna ijo, dene tangan kiwane nyangga uwang, pikirane nglambrang. Wengi iku Dian wis mantebake atine bakal medharake apa sing dipikir, lan apa sing dirasakake lumantar tulisan. Sepisan ajar nulis kaya apa sing dadi gegayuhane.

Sawetara iku, ing liya papan ana nom-noman sing lagi ngetig crita roman. Sedhela-sedhela nom-noman iku ngakep rokoke. Drijine kaya-kaya obah dhewe, ngreka ukara, nyandra paraga, nggambarake swasana, lan ngronce ukara sing dadi konflike crita. Nom-noman iku nyritakake panguripane sawijine mahasiswi anyar lan kakak tingkate sing wis semester lima.

CATHETAN SAKA PANGUMBARANTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang