SUMELEH

39 7 1
                                    

Swarane jangkrik tansaya cetha ing kupingku. Adheme hawa uga banget dakrasakake wengi iki. Pancen omahe pakdheku iki mepet karo sawah, mula ora nggumunake yen kahanan kaya ngono kuwi sing daktemoni.

Aku lungguh lincak pring ing ngarep omah, ora lali aku uga nyetel mp3 saka hpku. "Le, iki wedangmu!", pambengoke budheku saka jero omah. "Inggih, budhe. Mangke kula ombe, kersane wonten meja mawon", wangsulanku alon.

Omah tembok werna biru madhep ngidul iki tetanggan karo kali lan sawah. Jane ya ora patia nggunung, nanging merga papane kang ana pojokan desa, ndadekake omah iki krasa adoh saka kutha.

Bebasane adoh ratu mung cedhak gunung, mula hawane yen wayah wengi krasa tintrim. Cocog banget yen kanggo golek ayeme ati, apamaneh tumrape wong sing nembe kepancal rabi kaya aku iki, hehehe.

Jare kepancal rabi, nanging kok ya isih kober ngguyu? Hehehe. Aku njegigik ngguyu awakku dhewe. Jane ora pas ya diarani kepancal rabi, jalaran sing rabi ya dudu pacanganku, lan ya ora tau nyambung talining asmara karo aku.

Mung wae, biyen aku tau nge'fan' karo sing rabi. Upamane bal-balan, aku sadrema dadi penggemar-e sing jaga gawang, ora tau njajal njebol gawange sing jaga. Aku wis trima seneng dadi penonton saka pinggir lapangan. Ana sapletik rasa cuwa ing atiku, nanging ya ora guna.

Dhapuk penonton kuwi arepa ngguyu arepa nangis, mapane tetep ing pinggir. Ora bakal dirungokake utawa digape sing main. Hehehe.

Swarane tayub Tuban saka Hpku nambahi swasana wengi iki, ngepasi sing digarap lagu Dinda Bestari. Kala-kala aku ya melu nyuwara ngenut wiramane gendhing, senajan blero nanging ya tetep dakterusake. Rumangsaku, swaraku iki wis apik-apike swara.

Ora kalah yen ditandhingake swarane Mas Wagiran utawa Mas Sumarji, wiraswara saka laladan Tulungagung kae. Aku isih kelingan nalika kanca sekolahku biyen ngarani yen swaraku apik, bedane mung sithik karo gembreng diseret apadene kenthongan sing pecah. Hehehe.

Hawane tansaya atis, angen-angenku tansaya ayem. Sejatine, tekaku ing daleme Pakdhe iki ora mung mligi kepengin golek lelipur. Kapinujon sasi iki aku oleh garapan mbangun ruko ing sakiwa tengene stasiun Talun, mula aku banjur mara mampir ing daleme pakdhe.

Bali ing ngarep, ngenani lakonku kepancal rabi. Biyen nalika aku isih SMP, ana wae akale guru supaya siswane ora rame ing kelas. Tuladhane, siswa lanang kudu manggon ing ngarep, utawa kudu lungguh sameja karo siswa wadon, jalaran ing jamanku biyen saben siswa lanang mesthi isin yen lungguh sameja karo siswa wadon.

Bocah lanang sing kulina rame guyon karo kancane, sanalika dadi jejeg anteng yen lungguhe sameja karo siswa wadon. Semono uga sing dakalami! Embuh kena daya apa, omonganku utawa guyuku sing kulina ngregengi swasana kelas, wiwit dina iku ilang. Lambeku malih mingkem, lungguhku ya anteng. Jare guruku, aku malih nggantheng!

Ah, iku mung sacuwil lelakon lawas sing ora bisa daklalekake. Pancen aku biyen klebu bocah sing luput suwuk. Yen dikandhani "Aja rame!", rumangsaku malah kaya dikongkon rame. Ya saka polahku mau, aku banjur uga dadi korban akal-akalane guruku. Banjur apa sesambungane karo lelakonku saiki?

Ya kanca samejaku kuwi sing saiki wis rabi ndhisiki aku. Kanca sing biyen dadi kanca kenthelku, sing bola-bali marahi aku wayahe Fisika, ya kanca sing biyen mesthi njaluk dakcritani ngenani Sejarah, jalaran dheweke ora seneng maca.

Miturut dheweke luwih gampang ngapalne rumus, tinimbang maca tulisan sing dawa-dawa kaya ngana kae. Hehehe, lelakon kuwi wis kliwat sepuluh taun kepungkur. Bocah sing biyen kerep dijewer kupinge, saiki wis mentala njewer kupinge bocah.

Kanca-kancaku sing biyen katon ora pakra, saiki wis katon luwih pantes disawang. Wawasane uga padha tambah. Yen biyen apale mung lingkungan Kandat, saiki jare wis ana sing mapan ing Sumbawa, Makasar, apadene kutha-kutha liyane ing Indonesia. Ana sing dadi guru agama, ana sing dadi pulisi, ana uga sing dadi 'pramusiwi'. Gusti Pangeran wis nemtokake nasibe saben titahE.

CATHETAN SAKA PANGUMBARANWhere stories live. Discover now