Lara Branta

167 2 0
                                    

Abote wong kang nandhang branta

Yen awan ra doyan mangan

Wanci dalu tan bisa turu

Amung tansah ginambar wewayangane

Marang wanodya sulistya ing warna

Solah bawane tansah nuju prana

Ruruh pasemone jatmika lelewane

Pindhane sekar nedheng mekar

Angambar ganda arum

Agawe sengseme para kombang

Ambrengengeng pengen angrurum

Pancen pinter ngadi busana

Dhasare manis tur ambudaya

Mula tansah ndudut rasa

Akeh priya kang lara asmara

Aku amung bisa ndedonga

Marang Gusti kang maha kuwasa

Muga sira kang pindha mustika

Bisa sumandhing kajatukrama

*********

Jatuh cinta... 😍😍

Matur nuwun vote n folow ne

Pakshe

Jemparing AsmaraTempat cerita menjadi hidup. Temukan sekarang