Suwiji wektu, arikalani banyu udan tumetes songko langit, koyodene tumetesing eluh nang pipi kerana susahing batin, susah mergo mikirne tentang kebencian, kebencian dan kebencian yg terus menggerogoti batin setiap manusia,,,,,
Sore itu, di Warkop Mbok Cangik, ditemani hujan rintik2, Bagong dan Petruk, 2 punokawan yg tetap setia dengan tugasnya sebagai abdi, dan karena mereka hanya sebagai abdi, maka mereka tak ingin dan tak mau menghakimi apapun dan siapapun yg telah diciptakan oleh Tuan nya,,,
" Kang Truk, zaman saiki opo2 wes serba kepenak yo, gor mandeng, njogrok karo uthik2 tangan wes weruh ngendi2 lan weruh kabar opo wae."
" lha iyo tha Gong, teplok enek HP,TV, lan media informasi liane, maleh dadekne kepenak e urip e wong zaman saiki yo Gong,," sambil sesekali nyedot rokok 'tengwenya', lalu " neng awakmu yo kudu seng ngati2 Gong, "
" ngati2 piye tha kang? " Bagong penasaran.
" amergo ngene Cocote Sengkuni seng wes kondang kaloko tukang provokasi, tukang adu domba, isih kalah karo cocote media-media seng metu ing zaman iki Gong, "
" weh, lakok ngunu tha Kang ? "
" lha piye,, sak elek2 e cocote sengkuni, tujuane cahe kan jelas, mbelo kurowo, manas2 i kurowo ben perang, kanggo nglaksana ake ambisi balas dendame,, lha lek cocote media ki ora e Gong,," Petruk nyrocos sampek air liure moncrot2 ra karuan." tapi ....."
" Hoooppp", teriakBagong, sambil ngelap raine seng bek kenek idune Petruk, " asem, muncrat woy,, lek crita ki mbok ojo ombo2 tha kang lek mangap ki, ngetno teles kebes ilo,,"
" hahaha,, beh,beh,beh, sepurane lho cah ngganteng, hahaha",
" wes, saiki lanjut neh kang, lek cocote media berarti luweh lunyu timbangane cocote sengkuni no kang?"
" yo ora kok lunyu ngunu Gong, rumangsamu di oli ngunu po piye kok iso lunyu ki,, maksudte ngene lho Gong, lek cocote media kui g kenek dipredeksi, tujuane piye, mbolo sopo, mergo akeh kepentingan di dalam media kui,, kadang awakmu ngiro iku putih, tibak e ireng, mbok kiro ireng tibake warna-warni, tibak e putih, putih semu coklat, ireng bengi, ireng areng, iso ugo ireng e praupanmu Gong. Makane siro ojo pisan2 gampang percoyo karo cocote media, delengen disek, olahen lewat ati lan pikiranmu, njor takono, bandingno marang liyo lan liyane."
" ealah ngunu tah kang tibae, tapi jangkrik i, ireng2 yo ireng wae tha Kang, g usah gowo praupanq barang, najan irengo tapi kan manis tha,,"
Tawa mereka pecah, menyelinap diantara rintik hujan, dan mencoba menelisik didalam pekatnya mendung,, namun, mendung tetap tak tersingkap, menyimpan rapat2, kebenaran yg benar benar benar tak dapat terungkap, karena tabir pekat masih menyelimuti, jiwa jiwa manusia yg kotor akan nafsu kebencian, keserakahan, dan kepentingan2 yg menipu, dikira kepentingan ukhrowi nyatanya penuh dg nafsu dunia,, duh Gusti Kang Murbeng Dumadi, Mugi Panjenengan paringi padange ati, tetepe iman lan islam sedoyo,, amiin
ESTÁS LEYENDO
Warkop Mbok Cangik
Historia CortaSebuah guyonan keseharian dan obrolan obrolan tak penting yang sering kali diutarakan, dilontarkan, dalam sebuah perkumpulan di warung kopi disertai seduhan kopi hitam dan gorengan yang masih hangat
