EXACTA
Bagian 1.....
Mlebu sepisanan kelas 3, rasa bungah uleng-ulengan. Mangkat esuk, mambu wangi, klambi mlipis, rambut klimis, sepatu necis, tas mbois. Wit trembesi ngawe-awe sajak seneng nyawang bocah-bocah sangu esem, cepak guyu, ngendhong rembulan.
Aku mlaku alon, nyedhaki papan pengumuman. Bocah uleng-ulengan karo jingkra-jingkrak. Sakwine ndelok pembagian kelas age-age tumuju kelas 3 bio 2. Tratap atiku neng ngarep lawang ana Zaine karo Rita. "Apa cah loro kuwi sakkelas karo aku' ing batinku karo diiringi ati tratapan. Tak sawang saka kadohan sajak seneng, kanca teka ijol esem banjur mlebu kelas. Bocah loro kuwi kok ya ora mlebu-mlebu kelas, kapan aku mlebu kelase, nek aku nekat ngliwati Zaine karo Rita sida teles kebes gegerku.
Bel sekolah sidane meksa aku mlebu kelas. Ndhingkluk mlaku alon karo nyawan pucuk sepatu. Ati adhem bebarengan tumempleking bokong ing kursi kelas.
"Guru : Selamat pagi anak-anak!"
"Kabeh siswa : Pagi Pak"
"Guru : hari ini pembagian pengurus kelas, diatur yang baik ya, saya percaya kamu semua mampu musyawarah untuk kebaikian kelas ini.
"Semua siswa : siap pak."
Pembagian pengurus kelas wis kaleksanan. Sidane aku lungguh karo arif prianto. Arif kuwi dhuwur dedek piadeke, atletis, dadak kaimbuhan irung mancung, rambut cepak tambah gagah, tajem paningake, pinter tur sregep. Nek mlaku gagah senengane nganggo tas blanja saka kresek kanggo wadhah buku. Kadhang nggawa tas diwenehi tali dawa nganti mek nggesreh lemah nambahi gagah.
Kanca akrabe Arif Listiyo Harsongso biasa diundang Koko. Bocah loro kuwi nek mangkat utawa mulih mesti runtang tuntung. Koko putih resik rambut cepak rada ngombak. Bocahe resikan , sepatu pantofel mengkilap. Setlikan clana lan klambine nek dicandra lancipe nganti isa kanggo ngiris jadah. Aja pisan pisan nyenggol sepatune, nate aku nyenghol sepatune, Koko mesem karo nguyu, njukuk kertas dilap nganti mengkilap. Dasar wong resikan tindak tanduk sumanak, sabare kaya Kuntadewe. Lembah manah katambahan pinter sundhul langit. Nek wicara mesthi nganggo esem, swara empuk penak dirungu.
Guyonan, gebluk-geblukan wis dadi panggautan ing kelas. Rasa seneng ngliwati wektu wektu sekolah ora krasa ninggal dina, ninggal wulan. Bubar wayah ngaso wali kelas mlebu. Bocah bocah mak klekep kaya kaya orong orong kepidak, anteng, meneng.
"Wali kelas : anak-anak hari iini kelas kita ketambahan murid baru."
Bocah sakelas nyawang kenya rambut dawa dikucir dadi siji. Bocahe alus merak ati. Delok solah bawane sarwa luwes kok kaya putri solo. Esem mung sethithik rada dipeksa wae kok dadekke tambah manise.
" Wali kelas : ini di samping saya siswa baru pindah kesini, nanti biar lebih cepat akrap biar kenalan sendiri."
Setelah wali kelas menyilahkan siswa baru mengenalkan diri.
"Siswa baru : assalamualaikum wr wb."
" Kabeh siswa : Waalaikumsalam wr wb."
"Siswa baru ; Perkenalkan nama saya Tri Susnida, saya pindak sekolah kesini karena mengikuti orang tua, kebetulan orang tua dipindak kerja ke kota ini. Saya berharap bisa diterima disini. Trimakasih wasallamualaikum wr wb.
Karo abang ireng bocah kuwi ngenalke awakke dhewe. Bocah bocah lanang sing lungguh neng bangku mburi pating clethuk takon aneh aneh. " sudah punya pacar belum! Kenalan dong! Salaman harusnya biar kenal! Mboh opa wae sing ditakokke. Kabeh intine pengen nggodhani sianak baru.
Sing digodhak mbrabak abang ireng karo ndhingkluk sajak isin.
Ana chandhake......
Exacta
Bagian 2.....
Saya suwe saya gayeng. Para siswa nyawiji, gumolonging tekat dadi kelas apik dhewe. Rembukan piye amprih apikke. Sarujuk nggawe kaos kelas kang isa dadi ciri khase.
