MAPAK AKE RAHSA ANGGAYUH WENINGE BATIN

42 1 0
                                        

Mapakake rahsa kendhaline aning budi pakerti. Seje guru seje laku, sepisan wae nate aku takon marang guruku. "Nyuwun duka rama, kepareng nyuprika bab lenggahing budi pakerti menika wonten pundi". Pitakonanku ora banjur pikoleh wangsulan, nanging kepara malah dadi pakaryan ngomah (pr) sing kudu takgoleki dhewe. Jangkane wektu mung rong dina aku kudu bisa nemokake werdine apa sing dadi gegayuhanku. Kasunyatan urip wong laku kuwi ora kudu digambarake kaya lakon sing mlebu ning segara utawa ambles bumi. Nanging saka tumindak sing cilik wae kuwi wis bisa kalebu laku. Mula gegayuhane kudu nganggo patrap sing suci lan alusing ati. Dadi kuwi wis kalebu laku kautaman, ora kudu mesthi tapa sepi ning guwa nganti sepuluh taun suwene utawa ning kuburan sing wingit. Kasedyan kuwi mau bisa ora bisa, kudu bisa diwujudake kanthi sasaguh-saguhe!. Amerga kesaguhan kuwi ora cukup mung manggon aning ucap wae, nanging suwalike kudu disranani lan dikajekake kanthi manteping tekad. Kaya nuladha lakune Raden Bratasena sing wis ora was semelang lan mungkur sakabehing owah gingsir. Pepindhane kaya dene kuda angerap ing pandengan.

Apa sing didhawuhake guru kuwi ora kabeh salumrahe kaya anane wong atur wicara. Murid kudu tanggap sasmita lan bisa ngonceki werdi lan kepriye surahsane. Krana ngelmu kuwi dununging aning rahsa, mengku teges dudu tembung jare, senajan kuwi jarene guru dhewe. Guru mung sadrema nguwehi piwulang kabisan sing luhur mrih padhang jagade kanggo uripe murid. Satemah ana murid sing wasis lan ora, kuwi gumantung saka kepriye 'nggarap' pakaryane dhewe-dhewe. Ngelmu apa wae kuwi ora beda kaya aning sekolah padatan. Guru ngelmu batin sing digulawenthah uga mesthi ngenani bab ulah kabatinan utawa jiwa sing manggon aning rahsane manungsa.

Rahsa kuwi ngibarate ora beda kaya dalan sing kerep diliwati karo pitmotor, lsp. Soksok ana gronjalan sing ora rata uga blowokan sing mbebayani ning urip. Kaya dene pepindhan 'Kasandhung ing rata, kabentus ing tawang". Mula sing gronjal lan anane blowokan kuwi kudu dipapakake nganggo weninge batin kanthi cara 'ngempet'. Kuwi yen patrape wong ngulah rahsa. Padha-padha ngempete nanging beda yen aning ulah kanuragan. Krana sing kaaran patrap ngempet kuwi 'werdine' bisa beda-beda. Amerga beda tujuwan, mula kasile uga beda. Ulah kapandhitan kuwi wujude ulah kapribaden suci sing tumuju ing marganing kawilujengan sing kawengkon dening Gusti Kang Murweng Dat. Mula wong ngulah ngelmu kapribaden ora mesthi kudu sakti mandraguna, digdaya ora tedhas tapak paluning pandhe, krana wis pinaringan karahoyoning Gusti. Beda yen ngelmu kanuragan, yen kepengin wilujeng kudu disranani kebal dhisik. Anggere sing kebal kuwi mau yen ketemu karo sing luwih dhuwur ngelmune banjur tebal. Mula tembung kasekten kuwi beda kanggone laku apa wae manut patrape. Dadi yen ngonceki bab urip kuwi kudu manggon aning rahsa sing jero, menawa kepengin nemokake surahsane.

Likasan, 19/7/2019

KENDHI (Kendhalining Budi) Stories to obsess over. Discover now