RINGKESAN

82 0 0
                                    


Pepet ing 1965 menika satunggiling carios babagan petenging negari ingkang paring ganjaran tumprapipun bangsa nggih menika angkara murka ingkang nate dumadi wonten ing jagat raya. Menapa malih menawi mboten trep kasebat pepet ing 1965.

Petenging menika tumuli dipun padangaken kanthi sarana sumanaring cahya alit ingkang dipun asto dening dimar satunggiling kulawangsa alit ing Gubuk Purwodadi Grobogan.

Kulowangsa ingkang bagyo menika, gesang jroning kaendahan ndonya petanen rikala semana. Nanging nalika prastawa 1965 kawiwitan, sedaya dados malik tingal, kadang dados mengsah, lan mengsah sinamuning kadang, kathah ingkang kaperjaya awit sabab, nanging ugi mboten sekedik ingkang kaperjaya tanpa sabablan musabab.

Saklimah prastawa menika cobi dipun aturaken kanthi margi kesenian tradisional kethoprak tobong ingkang dangu kapendem jroning kalangenan rikala kapungkur lan serataning prastawa kajayan nuswantara.

Prastawa menika mujutaken jejibahan seniman wonten ing sakjroning seni menika piyambak. Mboten sanes, menika wusana cahya suwantening kawulo lan ngawontenanken rikala prastawa ingkang dumadi ing sakukuban.

Bapa Cahya Nala, menika setunggalipun saking kalih yuto gangsal atus ewu (2,5 juta) manungso ingkang dipun paripaksa nguwalaken nyawa jroning wengisipun satunggiling pimpinan saking negari ingkang kito lenggahi.

Prastawa menika kulo aturaken kagem rama kaliyan ibu kula kinasih Bapa suci tuwin garwa, lan kulowongso ageng kethoprak tobong lan larik"ipun seniman sedanten ingkang sampun mbudidaya lan kalis saking landheping bayu pepati kala menika.

kinantenan reksa mbulan kang seser"ipun tan manunggaling wekas lan pamungkas.


BABAK

Adegan. I

" Pepati lan pandustan I "

Geger lan wengisipun pandustan lan pepati ingkang dumadi ono ing 1965 wonten satunggiling kaneman dipun bujung lan dipun tamani bedama ngantos tumekaning pati. Kairingan jeritan lan palaran ingkang memedi. Saur-sauran Palaran "DURMA"

Iringan : Kenthong Santak- Srepeg, Pelog vi. Palaran " DURMA".

Adegan. II

" Pepati lan pandustan II "

Wonten ing omah kayu, nem-neman priya ingkang nembe sinau lan rembagan kaliyan bapakipun, lajeng dugi begal ngrampok lan mateni sedoyo priya wonten ing papan mriku satemah sedoyo tumekaning pati.

Iringan : Kenthong Santak- Srepeg, Pelog vi. Lajeng Palaran "B"

Adegan. III

" Pepati lan pandustan III "

Kawistara satunggiling tiyang wengis ingkang nembe mbujung kaneman, ingkang mlajar lan sesingitan nyuwun pitulungan marang satunggiling tiyang ingkang dipun panggihi nggih menika satunggiling mpu utawi guru.

Tiyang wengis menika mangu-mangu, nanging ugi tumuli enggal mateni kaneman ingkang sesingitan wonten sak wingkingipun tiyang sekti menika. Sedaya namung deleng-delengan netra mawon, plilikan olahing netra lan katon tintrim, sedaya sami saut-sautan palaran (Palaran "PUCUNG" ) mboten dangu sang mpu nyaketi tiyang wengis menika, lan namung dipun cepeng sirahipun, tiyang wengis kolowau nangis njerit kelaran nganti ora biso meneng. Lajeng CUT TO BLACK OUT. Gendhing Pambuka lan dipun tutup Dandang gula " A"

You've reached the end of published parts.

⏰ Last updated: Sep 16, 2017 ⏰

Add this story to your Library to get notified about new parts!

The Darkness of 1965Where stories live. Discover now