"Wah payah koyo ngene kok ndak iso ki priben to?!" Pak Somad cakap
"Nggeh kulo kan laagi belajar to pak menawi mboten langsung saged kan nggeh di maklumi to pak" Ike menundukkan kepala.
"Yo wes lah tak maklumi ,sok maneh kudu iso lho ya." Pak Somad sambil menepuk nepuk bahu Ike.
"Njeeh pak ,Insha Allah pak dongakke mawon nggeh" ike nyengir
"Yowes kono bali wes kawanen ki jam piro jal?"
"Jam 2 pak"
"Sesok, kandakno Nike,Sri karo siji meneh sing rambute pirang kae jenenge sopo yo??"
"Oh Silva pak!"
"Hakka kae, kandakke yo sesok kon nggowo Wit mawar sing wis ono kembange go neng sekolahan yo Nduk"
"Njeeh pak kulo sampekke nggeh".
Ike balik sekolah.
📝📝📝
"Assalamualaikum, buk bukke Ike wangsul ki!!" Teriak dari pintu depan.
"Waalaikumsalam , adooh mbok ojo Tuman ngono lho. Bengak bengok rak karuan, nganggu tonggo sebeleah to yo nok!!" Marah ibu Ike.
"Nggeh buk nggeh" nyengir
"Wes kono lek salin, ambumu koyo wedhus!" Sambil nutup mulut.
"Lho kok iso buk!!"
"PRENGUUSS" Ibu ike tertawa pelan
Ike masuk kamar salin.
"Buk,ike meh teng omahe rencang nggeh!"
"Iyo jo suwi suwi, nek dolan ki wayahan!" Sahut ibu ike
"Lha mboten meh dolan kok, meh belajar kelompok"
"Oh yowes kono , sinau sing tenana yo ."
"Nggeh ,pamit ya buk. Assalamualaikum"
"Waalaikumsalam"
📝📝📝
Ike menuju rumah Sri.
Didepan pintu.
"Tok tok tok, Assalamualaikum"
"Waalaikumsalam, eh Nok Ike ajeng nggolekki nok Sri yo!" Tebak ibu Sri
"Wuah Budhe kok ngertos , nggeh ajeng madosi Sri. Enten nopo mboten?"
"Oh sek yo tak celukke" ibu sri masuk rumah
'Wah lah lah budhe ki kok ngertinan yo'
Sri njedul
"Ono opo?"
"Sesok kon nggowo wit mawar sing ono kembange"
"Di gowo neng ndi??"
"Yo neng sekolahan rak kok" tepas Ike
.
"Oh lha rak jelas kok sampean ki"Elak Sri
"Kandakke sisan karo Nike lan Silva . Aku males neng omahe adoooohhhhe pppppuuuuulll"
"Lha ngopo ndadak neng omahe barang!"
"Hah?masute priben?"
"Lhakan di Sms ,wa,fesbuk,ig,yaho ,imail,kan iso rak sah ndadak neng omahe barang"
...........................
Berpikir lama sekali di otak Ike.
"Oh, iyo yoh" sambil menepuk kening nya sendiri.
"Wuadooooohh, lha lah kok yo nggek kepikiran saiki no" seru sri.
"Lha menungso iku panggonane lali kok yo"
"Wes ya aku tak masak meneh"
"Aku tak balik ah, Assalamualaikum Sri"
"Waalaikumsalam."
Ditengah Jalan.
'Hadoh nek nggene ki aku yo kesel kok rak ket mau ki priben nggono'batIn ike
📝📝📝
.Maaf ini Bahasa Jawa. Jadi ini kalo yang ndak mudeng jangan di baca nanti Pusing Tujuh Kelilling
Ini Khususon Ila Wong Kang Mudeng jowo
YOU ARE READING
Kepriben?
Humor"Weh meh neng ndi?" sambil memegang tangan Silva. "Mau ke Sana!" bentak. Sana adalah sebuah nama tempat. "Wah!Aku ndak dijak ki priben!?!?!?" Ike ngambek "Yo Ayo to melu , cepet lah kebelet sore Ndol!" "Eh yo sek sediluk. Enteni to jan koyo ngono ku...
